1. HA Hangidunga pawelinge KAKI
SABDO PALON PAMONG NUSWANTARA
Ameca kasengsarane
Rakyat Nusa Sadarum
Nampi panodhining Hyang Widhi
Kalambangna wong nyabrang
Prapteng tengah katempuh
Santering kali kang bena
yeku ning Gapura Sapta Ngesthi Aji
Keh jalma samya lena
2. NA Nandang warata sa-tanah Jawi
dadi karsaning KANG MURBENG JAGAD
meruhno pra kawulane
lamun jagad puniku
mengku pangeraning Ghaib
nraju becik myang ala
kang nandur angundhuh
nandhang wohira priyangga
den alamnya kinarya mratandhani
jagad ana Kang Ngasta.
3. CA Carane kang Aparing panodhi
warna-warna wujuding bebaya
angrusak tanah jawane
wong glidig datana ngukup
nambut karya datana nyukupi
priyayi pada kapiran
sodagar dha ambruk
tetanen akeh kang pusa
rinusuhan ama katerak paceklik
abot uriping jalma.
4. RA Raharjaning bumi sirna yekti
mubaling ama saklangkung ndadra
tuhu agung rerusuhe
keh pandung wanci dalu
tan tentrem uriping jalmi
ing rahina keh begal
dha rebut rinebut
risak tatananing jalma
negari kewran nggenira angadili
wong tan ajrih pidana
5. KA Kalampah dumugi gangsal warsi
jalma isih jroning gara-gara
rebutan sandhang pangane
lali sanak sedulur
marga tan tahan prihing ati
lali anggering praja
amung mburu saru (nafsu)
gya katungka praptanira
PAGEBLUG KANG LINUWIH SATANAH JAWI
akeh kang samya seda
6. DA Dadya girising pra gesang sami
kasandhung bae nemahi lena
mangkya wujuding todhine
udan barat angin gung
kayu geng rebah mblabah sami
kali-kali dha bena
nggegirisi estu
kadya benaning samudra
kang tinerak datan bisa nanggulangi
larut amblas myang sirna.
7. TA Tandha ingkang luwih nggegirisi
alun samya munggah dharatan
angrisak tepis wiringe
karya getering kalbu
ingkang dumunung kanan kering
kayu-kayu keh kendhang
padha sirna larut
sela ageng samya mbrastha
gumalundhung kabalabag katut keli
gumludug swaranira
8. SA Sakathahing hardi agung sami
nggegirisi hurubing dahana
gumaleger suwarane
mutah wlahar myang watu
amblabar ngelebi kanan kering
nrajang wana lan desa
manungsa keh lampus
kebo sapi gusis samya
raja kaya datan wonten ingkang keri
tan’na manggya puliha
9. WA Wasana sanget horeging bumi
ana lindhu ping pitu sedina
karya angursak jalmane
dha nela sitinipun
brekasak’an samya angeksi
anyarat sagung jalma
samnya pating gluruh
kathah ingkang nandhang raga
warna-warna panggodha lawan sesakit
langka waras keh lena.
10. LA Lah mangkya karya tetenger neki
ingwang prapta aning Nusa Jawa
maujud tengah rakyate
kinanthi anak putu
wujud brekasak’an myang demit
sun sebar kawruh kang
nyata gama kang satuhu
meruhna marang makrifat
GAMI budi nenggih ISLAM KANG SEJATI
agemannya Sang Sukma
11. PA Pepesthining Nusa tekan janji
yen wus jangkep limangatus warsa
kapetung jaman Islame
nusa bali mrang Ingsun
JAWI BUDI madhep nyawiji
sapa kang ngemohana
yekti nampi bendu
sun ayakan putuningwang
dadya tanda praptaning tundan dedemit
nggegila myang nglelara.
12. DHA Dha weweka jaman tundhan demit
haywa angedirna ngelmunira
nedya anglawan dhemite
sira yekti ginuyu
dening pra demit putu mami
haywa hanantang yuda
ananjakna ngelmu
myang srana marupa-rupa
kabeh iku tan pasah ing awak dhemit
mbalik anyabet sira.
13. JA Jangkaning Nusa wus aweh wangsit
wineca dening jalma waskitha
ing jangka JAYABAYANE
jalma tan pungguh wutuh
winaca sirnanya sepalih
dene ingkang waluya
perlu samya weruh
pitukon nolak bebaya
mung netepi Dharmaning urip sejati
wasitanya pra kuna.
14. YA Yaiku SAHADAT KANG SEJATI
ameruhi dununging SANG GESANG
ing teleng jiwa ragane
lamun tan bisa weruh
takokna guru kang sayekti
kang wus putus kawruhnya
wikan manjing alus
bisa ajal jroning gesang
uninga mrang sangkan paraning dumadi
perlu sira upaya.
15. NYA Nyatakna yen sira wis winirid
kabeh wasitanya gurunira
meruhna ing makrifate
manungsa urip iku
suket ing wana petan neki
yen wus tumekeng mangsa
ginaru kaluku
ingkang nlesep selanira
yeku jalma kang wruh SAHADAT SEJATI
wisikaning Hyang Sukma.
16. MA Manawa sira anyulayani
marang geguritaning Sang Gesang
yekti abot pidanane
urip ingkang satuhu
nggawa rerengganing Hyang Widhi
kodrat datan anyidra
marang kersa Agung
lamun wus tumekeng mangsa
geguritaning gesang mbabar dumadi
laksita madya pada
17. GA Gagaring syahadat kang sejati
karso lamun urip iku tunggal
tunggal kabeh myang sifate
gelaring jagad iku
pratandha purbaning Hyang Widhi
kwasa nganakna jagad
myang kwasa angukut
paranipun kabeh sifat
marang sangkane yeku sumbering urip
purwanira dumadya
18. BA Babaring gesang wujud dumadi
anggelar sawernaning agama
mranata para titahe
tumeka wancinipun
pra umat ngungkurna agami
kang sih ngrasuk agama
tan wruh kang satuhu
amung nyekeli sarengat
sunyataning gami tan urip ning ati
ngrasuk klongsong kewala.
19. THA Thathit sliweran ing nusa Jawi
pratandha ingwang numindhakna
nyampurnakna agamane
mbalekna myang kang satuhu
anyebarna Islam sejati
duk jaman Brawijaya
Ingsun datan purun
angrasuk agama Islam
marga Ingwang uninga Agama iki
nlisir saka kang nyata
20. NGA Ngelingi marang gesang sesami
yen sira tan ngetut karsaningwang
yekti abot panandhange
Ingsun pikukuhipun
Nusantara sa-indengira
bhawana sisih wetan
Asia puniku
kasigeg nggeningwang nyabda
kasabdakna mrang bhawana wadag iki
lumantar Mandala-arga.